26 Des 2012

LAH SIH KEPIMEN IKI URUSANE ??!

Money politik kuwe tindakan kebodohan,
Haram jadah,
Masa depane pemrentahan,
Dituku antarane… Mung kuwelan duwit puluhan ewu…


 

Di pikir ndipit sakiye,
Gampang temen dadi pimpinan,
Sing penting sugih banda lan akeh duwite,



Rakyat diiming-imingi,
Lan bagi-bagi,
Akhire terus dadi,
Belih ngartiya… barang wis dadi,
Kerajaan bisnis’se menggurita,
Kabeh tender-tender pemrintahan,
Bakal dikuasai…monopoli…
Ngrusak kesejahteraan rakyate,
Sebab…banda’ne pemrentahan kadang nganti dijoli,
Tukar guling sing marakna rugi,

 

Pimpinan kuwe kudu luwih cerdas seka rakyate,
Senggane ana calon pimpinan sing ora ngarti lor kidul,
Seka cara ngomonge,
Atawa latar belakang pendidikane,
Apa maning sing jare ijasane…seka endi sekolahane,

Sih kepimen!!







Apa pimpinan model sing kaya kiye sing pan didadekna pilihan?
Nyong wedi ari pimpinane ora ngarti lor kidul,
Arahe pemrentahan ora bisa terkendali,
Mobat mabit ora karu-karuan,
Janji tanda tangan… belih dipikir,
Kebijakane tarik ulur kepentingan,

Masya Allah…





Wahai sedulur.. !!
Wis saiki aja gelem gampang diiming-imingi,

Pilih pimpinan nang antarane calon pimpinan,
Sing luwih ngarti, ana pengalaman lan dawa pikirane ??!

Tidak ada komentar:

 
Sumber : http://riskimaulana.blogspot.com/2011/12/tips-cara-supaya-artikel-blog-tidak.html#ixzz2E8tlcOjK