Setuju ora setuju soal mabok sing jelas
rubrik iki pancen nyleneh.
Tapi masio ngono iki wajib diwoco kanggo
arek-arek sing doyan mabok nggak pandang cumak ngombe gae iseng-iseng
utowo pancen wes dadi kebutuhan urip kanggo sangu nang neroko….Amin.
Saiki lagi marak berita arek mabok alias ngombe sampek teller kebabasan
bongko alias matek. Goro-gorone ngombe minuman aplosan sing gak ngerti
piye asal usule aplosane mau.
Ono sing di aplos karo
kratingdeng, sprit, cocacola, extra joss sampek pertus lan liyo liyane.
Sak temene sing nyebabno minuman mau diaplos mergane pancen rasane
alcohol iku pait banget.
Trus sing ngombe kepingine iso teller tapi ora
nyikso ilat. Yo dadine minuman iku mau di oplos opo wae sing penting ora
nyikso ilat.
Bedo maneh yen wis nyekel duwit pas pasan tapi pengen
ngombe dadine tuku omben sing murah meriah tapi di oplos karo
bahan-bahan sing kirane iso nambah efek mabok. Konco model ngene iki kari
ngenteni urusan kuburan rek….mergane arek iki ora mikir maneh nasib
jantung lan paru-parune bakale ancur.
Sing dodol omben pisan yo ngerti keadaan
konsumen. Dadine dodol omben kelas ekonomi sing murah meriah tapi iso
gawe teller sing ngombe. Malahan nang endi-endi wes ono minuman bermerk
tapi isine wes palsu alias oplosane bakule. Biyen yen mari ngombe Topi
Miring nang awak rasane mabok mlaku sempoyongan opo maneh digawe
nyenok/nge-lonthe tambah joss. Tapi saiki mari ngombe Topi Miring sak
botol wae rasane kate mlaku wae nang endhas loro kabeh, ojok’o kate
nyenok lha wong mbedakno wadon lan banci wae susah. Pancen bakul
keparat-keparat iku nyampur utowo ngaplos banyu biasa karo alcohol
botolan cilik sing regane nang toko-toko telung ewuan. Mangkane yen mari
ngombe banjur turu dadine sesok tangi koyo digepuk’i armed sak asrama.
Iku salah sijine merk minuman sing di aplos.
Nah yen wes ngene dadine awak dewe
sebagai konsumen bener-bener dirugi’no. Padahal penjual koyok ngono kuwi
iso kenek pasal perlindungan konsumen. Lan kejadian minuman oplosan
barang ora genah koyo mengkono iku wis akeh korban dadi lan patine. Yen
awak’e dewe keracunan omben koyok mengkono banjur lapor polisi….wah dadi
lan gawene. Sing dodol minuman di cekel polisi terus sing keracunan yo
dicekel polisi mergane sing keracunan terbukti mari ngombe. Tapi kadang
sing dodol minuman saiki podho pinter nyogok aparat. Mergane sing aparat
sebagian yo ono sing gelem disogok. Dadi saiki sing dodol omben mari
digrebeg polisi sesok iso dodol maneh lan gawe oplosan sing luweh kejem
maneh. Terus sing mari keracunan omben bareng wis waras ijik bingung
golek omben maneh.
Dadi yen disimpulno utowo pamungkase
crito soal ngombe iki sing luweh becik mendingan orah usah ngombe.
Ngombe iso ngrusak awak, pikiran lan iman. Karo maneh wong doyan ngombe
iku wes mesti ono maksiat tambahane. Mari ngombe iso digandeng karo
nyolong, iso digandeng karo madhon utowo nyenok, iso ugo digandeng karo
judi, utowo iso ugo dadi lan tukarane carok karo podho koncone. Sepisan
maneh, ojo ngombe wedi karo aparat, morotuo, isin karo konco tapi wedio
karo Gusti Allah sing nyediakno neroko.
Coro lan carane wong mabok :
- tuku ombean ojo utang mergane yen kowe kebablasan mati, sing nyaur utang melu doso.
- ngombe minuman jenis opo wae sing aplosan utowo murni siap-siapo mari ngombe bakal mati mendelik.
- sak durunge ngombe di anjurno gawe surat wasiat, yen nduwe donyo ojo lali ndang disebutno sopo bakale sing nompo warisanmu.
- luwih aman ngombe karo aparat mergane mburine koyok’e bakal gak ono masalah yen digrebeg.
- paling penak ngombe digawe nyolong. Mergane selain nambah kendhel yen konangan wong kampong terus digepuk’i ora sepiro larane, weruh-weruh mati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar