Kendho kuwi yen panyingsete tali ora kenceng, iya tinembungake
longgar;
Kendhi kuwi prabotaning omah kanggo wadhah banyu putih
kang becik banget kanggo unjuka ing wayah esuk.
Kendhi kuwi prabotaning omah kanggo wadhah banyu putih
kang becik banget kanggo unjuka ing wayah esuk.
Miturut pituture para winasis, ngombe banyu kendhi ing wayah esuk
apa maneh sawise turu iku bisa nekakake kekuwatan linuwih
kanggo ngadhepi sabarang penyakit. Mulane, ing jaman kuna makuna,
para brayat jawa ora lali tansah sumadhiya kendhi ing meja tengah.
Dene kendhil iku uga salawijining perabot omah kanggo nyimpen pari utawa beras
kang sawektu-wektu perlu digawe liwet yen beras wis diliwet banjur diwadhahi ing wakul
utawa senik, yaiku tenggok cilik kanggo wadhah sega utawa sekul
kang umume digawe saka pring petung.
Miturut pangandikane para winasis beras kang dijupuk saka kendhil
kuwi mralambangake jiwane manungsa kang perlu tansah kumrandhil utawa cekelan marang sing gawe urip. Dene sega putih kang sinaji ana ing wakul
utawa senik dianggep pisungsunging urip. Warnane senik kang sawo mateng mralambangake
lembahmanahe wong Jawa ana ing laku utama,lan sega putih mralambangake kasucianing ati
kang tansah dadi telenging pambudi. Lah, kendhang iku salah sawijining alat musik
gamelan kang ginawe saka kulit sapi utawa kebo sinesegake ana ing kayu bolong.
Swarane "dhang-dhang-dhang" yen ditabuh ateges abane wiramaning tutur
aja kesusu lan aja ngawur sakabeh laku kudu ditata lan diatur
iku jatine keselarasan linuhur.
Jiwa kang tan tumata iku kaya swara kang kelangan saur, ora tinanggap,
merga mung ndlewa sageleme dhewe tanpa rasa wigati kanggo wong liya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar